sore itu....., pas aku dikongkon ibuk.ku bayar arisan nang bulek rum, aku dikongkon nggolek.i adekku pisan. pancen biasane arisane isuk, tapi minggu iki ganti sore soale nang omahe(seng digawe TPA) mak neng onok maulidan mau isuk.
aku dikei ibuk.ku duwek 20 gawe mbayarno arisane ibuk.ku... yo wez, ternyata tutuk kono, akeh wong seng antri mbayar.. karena antri, aku nggolei adekku sek. aku takon pak ipul seng lagi lungguh-lungguh "PAKipul,, enten adek??" truz de.e mbales "ora eneng mas, mau mek ono mas(ms.ku)" trus tak bales maneh,, "ooo, nggeh mpun" karena sek antri aku melok longgoh-longgoh nang pinggire pak ipul..
moro-moro pak ipul ngomong "mas mau isuk gak merene blas yo???"
"mboten"
"melbuo rono lho mangan!!!"
"sampun, kulo pun maem bareng tiang-tiang wau"
"temen tha?? mangano njupuk'o dewe koyok mas farid iku lho,, mangan yo mangan"
"sampun,, sumpah ilo sampun"
trus dhe ya melok-melok ngomong "uwes pak ipul" koyok'e pas iku, dhe ya saeno karo aku seng diserbu pertanyaan karo "women lips".
sak gurunge dhe ya mbelo aku pun,, bulek pur, seng ngantri mbayar arisan melok-melok ngongkon aku mangan.. padalan aku iku jek tas mangan bareng uwong-uwong seng ngerewangi ringkes-ringkes.. sampek-sampek, kabeh wong ngerasani aku ambek nguyuh-ngguyuh.
aku selama ngantri dan lonngoh nang kunu,, pak ipul terus mekso aku mangan. emboh aku gak ero ambek wong iku, gak percoyo blas ambek aku. paling wong iku pengen nelesepno aku nang sosiale won-wong. mumpung akeh wong(paling)
trus,, dhe ya ngomong nang aku "endhi phaiz duwik mu??"
langsung ae aku ngekukno duwik ku. wes.............................
gorong moleh aku,. aku sek arep ngadhek teko longgohan, moro-moro mak neng metu, ndelok koyok ngunu, moro-moro pak ipul ngomong nang makneng "mak neng, mas iki lho dino iki gak merene blas" karena aku gak terimo langsung aku mbales "mboten kulo lho pun mrene"
mak neng langsung melok-melok ngongkon aku mangan.. sampek-sampek mak neng ngomong "aku gak arep dulur" ya allah,, waktu iku rasane atiku langsung lugur.... ancen wektu iku aku gak isok membelah diri soale dee luwih tuwek teko aku.. bu dhe ku pisan..
tapi anehne, aku gak loro ati ambek mak neng, aku tambah loro ati ambek pak ipul soale mak neng gak mungkin ngomong koyok ngono lak gak ngerungokno omongane women lips.
seumpamane,, aku ambek women lips sebaya,, aku wani membela diri.. aku akan ngomong.
"pul, aku lho wes mangan gak percoyo......, aku isok nyebutno menu.ne.." onok gurame, awam ditepung, urang ditepung, jangan asem, karpete warna ijo, wakul'e warna biru.. ayo kurang opo aku??? lek seumpamane aku gak merene lho,, ero teko endhi aku koyak ngono???
lek sek kurang,, aku duwe saksi.. aku melok ngrungokno ceramahne nang mburi ambek cak kamek dan wak bu. takonono mereka lek gak percoyo... trus aku yo ngrewangi ringkes-ringkes..
aku nglempiti terpal, kloso ambek rois. aku ngusungi terop ambek bapak'e mif. aku ngusungi kayu ambek bapak'e faisal. mosok kon gak ndelok aku???
delok'en gara-gara awakmu,,,, mak neng sampek ngomong aku gak arep dulur... mak neng gak mungkin ngomong koyok ngono lek gak kepangan omonganmu... ....
asal kon ero sore wingi setelah teko kunu,, aku kepikiran terus omongan "gak arep dulur".. sampek-sampek aku kudu nangis,, kon ngerti........,, aku wingi pas moleh mlaku menuju omah aku ngempet nangis.. sampek akhire aku nangis nang jeding pas adhus.
bener-bener aku kepikiran iki terus sampek aku akhire lego isok nulis unek-unek.ku nang blog.
seumpamane sampek blog iki kewoco wong seng kenal women lips, wocoen pisan seng judule aku denger semua. itu juga tentang keganasan women lips...
legooooooooo aku...................................................................................................................................
awas lek sampek ngelarakno atiku peng telu,, kon wes peng loro.. wocoen nang blogku
No comments:
Post a Comment